Lumrahe saben desa utawa papan iku duwe crita rakyat. Ananging gandheng wis suwe ora tau kocap, banjur kaya-kaya ilang. Nanging yen para siswa gelem mbukak-mbukak buku lawas, dakkira bakal muncul crita-crita mau. Crita wujude ana loro, yaiku crita fiksi lan crita nonfiksi. Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani dongeng, yen dikerata basa dipaido ya keneng.
1. Crita fiksi
a. Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh alam gaip.
Tuladha: Nyi Rara Kidul, Pethite Nyai Blorong, lan Thuyul.
b. Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawangunem kaya manungsa.
Tuladha: Kancil Nyolong Timun, Singa Barong karo Tikus, Kancil karo Baya, lan liya-liyane.
c. Legenda yaiku dongeng asal usul dumadining sawijining papan utawa panggonan.
Tuladha: Dumadane Rawa Pening, Tangkupan Prau, Dumadine Kutha Surabaya, lan liya-liyane.
2. Crita nonfiksi
a. Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane.
Tuladha: Hikayat Hang Tuan, Hikayat Bahtiar, lan sapanunggalane.
b. Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane nanging uga ditambah crita sing ngayawara.
Tuladha: Babad Tanah Jawi, Babad Mataram, Babad Kartasura lan sapanunggalane.
c. Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane.
Tuladha: Sejarahe Majapahit, Sejarahe Demak, Sejarahe Kraton Yogyakarta, lan sapanunggalane.
d. Roman yaiku crita sing nggambarake urip ing wong wiwit lair nganti mati. Jinise roman warna-warna, kayata roman adat, roman sosial, roman detektif lan sapanunggalane.
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 14 Desember 2011
Maca Pemahaman
Ketrampilan basa iku ana papat, yaiku nyemak, micara, maca lan nulis. Ketrampilan basa iku lumrahe kawiwitan saka nyemak. Bocah kang lair wiwitane mung bisa nyemak, banjur umur rong taun bisa micara, sanajan durung teteh. Sawise bocah mau sekolah lagi diwulang maca lan nulis.
Piwulangan ing tema iki arep ngrembug babagan maca. Ancase wong maca yaiku golek maneka warna informasi kang tembene migunani tumrap uripe. Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca ing batin. Maca ing batin kaperang dadi loro yaiku maca ekstensif lan maca intensif. Maca ekstensif tuladhane, maca survey, maca saklebatan (maca sekilas). Dene tuladhane maca intensif yaiku maca pemahaman.
Maca pemahaman kaperang dadi telu, yaiku:
1. Maca literal: maca kang ancase nangkep isi wacang kang tinulis.
2. Maca kritis: maca kang ancase nangkep wacan kang tinulis lan ora tinulis.
3. Maca kreatif: maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis banjur maragakake asli wacan mau.
3.

Wangsalan
Wangsalan meh padha karo cangkriman, bedane ing wangsalan batangane wis disebutake kanthi cara sinandi (ora dicethakake). Wujude wangsalan ana lima yaiku:
a. Wangsalan lamba
Wangsalan lamba iki batangane mung siji. Tuladhane ing pagelaran ringgit purwa, nalika adegan gara-gara, petruk ngomong "Wis Gong, roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso mengko dibacutake maneh" (roning mlinjo= so= ngaso)
b. Wangsalan memet
Wangsalan memet iki carane anggone nggoleki batangane kanthi ambal kaping pindho. Umpamane "Mbakyu anggone mlaku menyang pasar ora susah kesusu, nguler kambang, alon-alon wae, wong isih peteng" (uler kambang = lintah = satitahe = alon-alon)
c. Wangsalan rangkep
Wangsalan rangkep iki batangane luwih saka siji. Umpamane, nalika panatacara ing pungkasaning adicara matur, "Puput pepuntoning atur kula, jenang sela wader kalen sesondheran, apurata yen wonten lepat kawula" (jenang sela = apu = apuranta, wader kalen sesondheran = iwak sepat = lepat)
d. Wangsalan padinan
Wangsalan padinan lumrahe kanggo pacelathon. Tuladhane:
Pakdhe :"we, janur gunung kowe Le, kadingaren kowe mrene."
Toni :"Inggih pakdhe. Kula dipunutus Bapak sowan Pakdhe"
(janur gunung = godhong aren = kadingaren)
e. Wangsalan ing Lagu utawa gendhing.

Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran telung warna:
a. Kadadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru swara.
b. Saben saukara kadadeyan saka rong grata.
c. Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka uwose.
TULADHA:
¤Abang-abang ora legi, Tiwas magang ora dadi
¤Manuk emprit nucuk pari, Dadi murid sing taberi
¤Wajik kletik gula jawa, luwih becik sing prasaja

Wacan Babagan Budaya Jawa
Salah sawijining kuwajiban siswa yaiku maca. Wacan kanggo siswa iku akeh banget. Umpamane karangan babagan budaya jawa. Wujud karangan iku ana lima, yaiku karangan persuasi, argumentasi, deskripsi, eksposisi, lan narasi.
1. Persuasi
Persuasi iku sawijining seni vokal kang ancase supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu, ing wektu iku utawa ing wektu kang arep teka. Gandheng ancase supaya para pamaos utawa pamireng tumindak, mula persuasi uga bisa diarani cara kanggo mutusake. Wong kang nampa persuasi kudu percaya yen keputusane kang dipilih iku bener tanpa dipeksa.
Wujud persuasi yaiku:
a. Sesorah politik
b. Iklan
c. Selembaran
Persuasi duweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi mangka rekadaya nglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa anggone mutusake milih sawijining tumindak.
2. Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis. Kanthi argumentasi, panulis mbudidaya ngrakit kasunyatan kanggo mbuktekake yen panemune mau bener apa ora.
3. Deskripsi
Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahana (objek). Objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca utawa sing dideleng utawa sing dirungu.
4. Eksposisi
Eksposisi yaiku wacana kang mbebarake sawijining proses kegiyatan kanthi ancas njembarake kawruh. Ancase karangan eksposisi yaiku maparake, njlentrehake, lan ngandharake informasi supaya pamaos bisa nampa isine andharan mau. Wacana eksposisi lumrahe digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu.
4. Narasi
Narasi yaiku wacana kang nyitakake prastawa kanthi cetha rerangkening tumindakan ing kedadeyan iku. Wacana narasi winates ing sajroning wektu.

Selasa, 13 Desember 2011
Perangane Kasusastran Jawa
Miturut wujude, kasusastran jawa kaperang dadi telu, yaiku:
1. Kasusastran jawa kuna
Sumbere : Kraton Jawa Wetan.
Moncer-moncere : Jaman Kediri.
Tembang : Kakawin.
2. Kasusastran Jawa Tengahan (1400-1800)
Sumbere : Kraton Jawa Wetan lan Bali.
Moncer-moncere : jaman Majapahit.
Basane : Basa Jawa Tengahan.
Tembang : Kakawin.
3. Kasusastran Jawa Anyar (1600-an)
Kagolong dadi loro, yaiku:
a. Kasusastran Jawa Anyar
Pusere : Kraton Jawa Tengah.
Moncer-moncere : jaman Surakarta wiwitan.
Tembang : macapat.
b. Kasusastran Jawa Modheren
Pusere : Kraton Jawa Tengah.
Moncer-moncere : jaman Mataram anyar.
Tembang : tembang macapat isih diudi, nanging wiwitan nengenake gancaran.

Ngringkes Wacan
Ngringkes minangka sawijining cara nyajekake karangan kang dawa ana ing bentuk cekak utawa ringkes. Ringkesan kasebut bisa mbiyantu awake dhewe menawa awake dhewe lali isine buku utawa wacan sing wis diwaca. Awake dhewe bisa kelingan maneh kanthi maca ringkesan kasebut.
Sawijining cara kanggo ngringkes wacan yaiku:
1. Maca buku utawa wacan kang arep diringkes.
2. Nyathet bagean-bagean kang penting.
3. Nyusun bagean-bagean penting kasebut dadi ukara kang becik.
Dene ciri-cirine ringkesan kang apik yaiku:
1. Ditulis nganggo ukarane dhewe.
2. Basane ringkes lan padhet, nanging cetha.
3. Gampang dingerteni wong liya.
4. Isine bab-bab kang pokok wae, nanging bisa wakili isi.

Geguritan
Gurit tegese tembang utawa karangan. Dene geguritan yaiku reroncening tembung kang awujud puisi jawa. Geguritan bakal bisa endah lan kapenak dirasakake menawa kang maca nganggo irama kang becik, tetembungane dipilih kang endah.
Supaya bisa gawe utawa nulis geguritan kanthi becik lan diwaca uga kepenak dirasakake, prelu digatetake babagan isi, tembung-tembung endah, paramasastra, uga pambabaring rasa kang alus.
Urutan gawe geguritan, yaiku:
1. Kawiwitan saka temane (bab apa).
2. Nemokake irah-irahane.
3. Nemokake gagasan baku (sari-sarine) kang arep dibeber.
4. Ngronce tembung supaya katon endah lan kepenak dirasakake, bisa nganggo tembung endah, purwakanthi, paribasan, bebasan, lan kalamangsane bisa nganggo tembung-tembung kuna.

Unggah Ungguh Basa
Urip ing bebrayan masyarakat iku mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya, mokal yen bisa urip dhewekan. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku basa. Ana ing basa jawa dikenal unggah-ungguh basa. Basa jawa kaperang dadi loro yaiku basa jawa krama lan basa jawa ngoko. Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama kaperang dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge urapa tembung ngoko, ora kacampuran basa krama. Ater-ater lan panambange uga nganggo basa ngoko.
Basa ngoko lugu dianggo dening:
a. Wong tuwa marang anake.
b. Guru marang muride.
c. Wong kang wis padha tetepungan kanthi raket.
Tuladha:
Aku lagi sinau basa jawa.
2. Ngoko Alus
Basa ngoko alus iku basa kang ana ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung ngoko lan krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko.
Basa ngoko alus dianggo dening:
A. Ibu marang bapak ing dalem.
B. Wong tuwa marang wong enom kang duwe palungguhan dhuwur.
C. Sapadha-padha kang wis raket, nanging tetep padha ngajeni.
D. Adhi marang kangmase utawa mbakyune sing gelem ngajeni.
Tuladha:
Pak Lurah mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung?
3. Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama, ora kacampuran ngoko utawa krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.
Basa krama lugu dianggo dening:
1. Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
2. Murid marang gurune.
3. Anak marang wong tuwane.
Tuladha:
Jam tiga wau simbah mirengaken radhiyo.
4. Krama Alus
Basa krama alus iku basa kang sajroning ukara, kanthi wujud tembunge arupa tembung krama lan tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman utawa kang digunem. Dene ater-ater lan panambange uga dikramakake.

Langganan:
Postingan (Atom)