Rabu, 14 Desember 2011

Crita Rakyat

Lumrahe saben desa utawa papan iku duwe crita rakyat. Ananging gandheng wis suwe ora tau kocap, banjur kaya-kaya ilang. Nanging yen para siswa gelem mbukak-mbukak buku lawas, dakkira bakal muncul crita-crita mau. Crita wujude ana loro, yaiku crita fiksi lan crita nonfiksi. Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani dongeng, yen dikerata basa dipaido ya keneng.

1. Crita fiksi
a. Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh alam gaip.
Tuladha: Nyi Rara Kidul, Pethite Nyai Blorong, lan Thuyul.
b. Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawangunem kaya manungsa.
Tuladha: Kancil Nyolong Timun, Singa Barong karo Tikus, Kancil karo Baya, lan liya-liyane.
c. Legenda yaiku dongeng asal usul dumadining sawijining papan utawa panggonan.
Tuladha: Dumadane Rawa Pening, Tangkupan Prau, Dumadine Kutha Surabaya, lan liya-liyane.
2. Crita nonfiksi
a. Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane.
Tuladha: Hikayat Hang Tuan, Hikayat Bahtiar, lan sapanunggalane.
b. Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane nanging uga ditambah crita sing ngayawara.
Tuladha: Babad Tanah Jawi, Babad Mataram, Babad Kartasura lan sapanunggalane.
c. Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane.
Tuladha: Sejarahe Majapahit, Sejarahe Demak, Sejarahe Kraton Yogyakarta, lan sapanunggalane.
d. Roman yaiku crita sing nggambarake urip ing wong wiwit lair nganti mati. Jinise roman warna-warna, kayata roman adat, roman sosial, roman detektif lan sapanunggalane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar