Selasa, 13 Desember 2011

Ngringkes Wacan

Ngringkes minangka sawijining cara nyajekake karangan kang dawa ana ing bentuk cekak utawa ringkes. Ringkesan kasebut bisa mbiyantu awake dhewe menawa awake dhewe lali isine buku utawa wacan sing wis diwaca. Awake dhewe bisa kelingan maneh kanthi maca ringkesan kasebut.
Sawijining cara kanggo ngringkes wacan yaiku:
1. Maca buku utawa wacan kang arep diringkes.
2. Nyathet bagean-bagean kang penting.
3. Nyusun bagean-bagean penting kasebut dadi ukara kang becik.
Dene ciri-cirine ringkesan kang apik yaiku:
1. Ditulis nganggo ukarane dhewe.
2. Basane ringkes lan padhet, nanging cetha.
3. Gampang dingerteni wong liya.
4. Isine bab-bab kang pokok wae, nanging bisa wakili isi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar