Selasa, 13 Desember 2011

Unggah Ungguh Basa

Urip ing bebrayan masyarakat iku mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya, mokal yen bisa urip dhewekan. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku basa. Ana ing basa jawa dikenal unggah-ungguh basa. Basa jawa kaperang dadi loro yaiku basa jawa krama lan basa jawa ngoko. Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama kaperang dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.

1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge urapa tembung ngoko, ora kacampuran basa krama. Ater-ater lan panambange uga nganggo basa ngoko.

Basa ngoko lugu dianggo dening:
a. Wong tuwa marang anake.
b. Guru marang muride.
c. Wong kang wis padha tetepungan kanthi raket.
Tuladha:
Aku lagi sinau basa jawa.

2. Ngoko Alus
Basa ngoko alus iku basa kang ana ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung ngoko lan krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko.

Basa ngoko alus dianggo dening:
A. Ibu marang bapak ing dalem.
B. Wong tuwa marang wong enom kang duwe palungguhan dhuwur.
C. Sapadha-padha kang wis raket, nanging tetep padha ngajeni.
D. Adhi marang kangmase utawa mbakyune sing gelem ngajeni.
Tuladha:
Pak Lurah mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung?

3. Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama, ora kacampuran ngoko utawa krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.

Basa krama lugu dianggo dening:
1. Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
2. Murid marang gurune.
3. Anak marang wong tuwane.
Tuladha:
Jam tiga wau simbah mirengaken radhiyo.

4. Krama Alus
Basa krama alus iku basa kang sajroning ukara, kanthi wujud tembunge arupa tembung krama lan tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman utawa kang digunem. Dene ater-ater lan panambange uga dikramakake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar