Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran telung warna:
a. Kadadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru swara.
b. Saben saukara kadadeyan saka rong grata.
c. Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka uwose.
TULADHA:
¤Abang-abang ora legi, Tiwas magang ora dadi
¤Manuk emprit nucuk pari, Dadi murid sing taberi
¤Wajik kletik gula jawa, luwih becik sing prasaja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar