Rabu, 14 Desember 2011

Maca Pemahaman

Ketrampilan basa iku ana papat, yaiku nyemak, micara, maca lan nulis. Ketrampilan basa iku lumrahe kawiwitan saka nyemak. Bocah kang lair wiwitane mung bisa nyemak, banjur umur rong taun bisa micara, sanajan durung teteh. Sawise bocah mau sekolah lagi diwulang maca lan nulis.
Piwulangan ing tema iki arep ngrembug babagan maca. Ancase wong maca yaiku golek maneka warna informasi kang tembene migunani tumrap uripe. Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca ing batin. Maca ing batin kaperang dadi loro yaiku maca ekstensif lan maca intensif. Maca ekstensif tuladhane, maca survey, maca saklebatan (maca sekilas). Dene tuladhane maca intensif yaiku maca pemahaman.
Maca pemahaman kaperang dadi telu, yaiku:
1. Maca literal: maca kang ancase nangkep isi wacang kang tinulis.
2. Maca kritis: maca kang ancase nangkep wacan kang tinulis lan ora tinulis.
3. Maca kreatif: maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis banjur maragakake asli wacan mau.
3.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar