Selasa, 13 Desember 2011

Geguritan

Gurit tegese tembang utawa karangan. Dene geguritan yaiku reroncening tembung kang awujud puisi jawa. Geguritan bakal bisa endah lan kapenak dirasakake menawa kang maca nganggo irama kang becik, tetembungane dipilih kang endah.
Supaya bisa gawe utawa nulis geguritan kanthi becik lan diwaca uga kepenak dirasakake, prelu digatetake babagan isi, tembung-tembung endah, paramasastra, uga pambabaring rasa kang alus.
Urutan gawe geguritan, yaiku:
1. Kawiwitan saka temane (bab apa).
2. Nemokake irah-irahane.
3. Nemokake gagasan baku (sari-sarine) kang arep dibeber.
4. Ngronce tembung supaya katon endah lan kepenak dirasakake, bisa nganggo tembung endah, purwakanthi, paribasan, bebasan, lan kalamangsane bisa nganggo tembung-tembung kuna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar