Rabu, 14 Desember 2011

Wacan Babagan Budaya Jawa

Salah sawijining kuwajiban siswa yaiku maca. Wacan kanggo siswa iku akeh banget. Umpamane karangan babagan budaya jawa. Wujud karangan iku ana lima, yaiku karangan persuasi, argumentasi, deskripsi, eksposisi, lan narasi.

1. Persuasi
Persuasi iku sawijining seni vokal kang ancase supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu, ing wektu iku utawa ing wektu kang arep teka. Gandheng ancase supaya para pamaos utawa pamireng tumindak, mula persuasi uga bisa diarani cara kanggo mutusake. Wong kang nampa persuasi kudu percaya yen keputusane kang dipilih iku bener tanpa dipeksa.
Wujud persuasi yaiku:
a. Sesorah politik
b. Iklan
c. Selembaran
Persuasi duweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi mangka rekadaya nglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa anggone mutusake milih sawijining tumindak.

2. Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis. Kanthi argumentasi, panulis mbudidaya ngrakit kasunyatan kanggo mbuktekake yen panemune mau bener apa ora.

3. Deskripsi
Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahana (objek). Objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca utawa sing dideleng utawa sing dirungu.

4. Eksposisi
Eksposisi yaiku wacana kang mbebarake sawijining proses kegiyatan kanthi ancas njembarake kawruh. Ancase karangan eksposisi yaiku maparake, njlentrehake, lan ngandharake informasi supaya pamaos bisa nampa isine andharan mau. Wacana eksposisi lumrahe digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu.

4. Narasi
Narasi yaiku wacana kang nyitakake prastawa kanthi cetha rerangkening tumindakan ing kedadeyan iku. Wacana narasi winates ing sajroning wektu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar